• Arsip

  • eXTReMe Tracker
  • Kalender

    March 2010
    M T W T F S S
    « Feb    
    1234567
    891011121314
    15161718192021
    22232425262728
    293031  

Archive for the ‘B Jawa’ Category

Tata Krama

Posted on February 6th, 2010 by mezaluna

Tumrape wong Jawa, kedhayohan kuwi padha karo nampa rejeki. Mula yen ana tamu ora tau nglirwakake gupuh, lungguh lan suguh. Sapa wae yen kedhayohan mesthi gupuh olehe mbagekake tamune, ngaturi lenggah, terus gawe wedang kanggo suguhan.

Merga anane pakurmatan mau mula wong sing maradhayoh kudu ngerti (tahu diri), dadiya tamu sing becik. Aja sakepenake dhewe, aja [...]

Wayang Keling

Posted on January 15th, 2010 by mezaluna

Wayang Keling inggih menika salah satunggaling wayang purwa ingkang wonten ing daerah Pekalongan. Bedanipun kaliyanwayang Puewa inggih menika wonten ing wujud gelung supit urang. Wujudipun Punakawan ugi bedakaliyan wayang Purwa ingkang wonten ing Surakarta napa dene ingkang wonten ing Yogyakarta. Mboten nemung wujudipun wayang ingkang beda, nanging iringan gamelanipun ugi beda, iringan ingkang saking pesisir [...]

Wayang Beber

Posted on January 15th, 2010 by mezaluna

Wayang Beber inggih menika wayang wujudipun gambar-gambar ingkang nggambaraken kadadosan utawi adegan wigatos wonten ing salebetipun cariyos-cariyos Panji. Cariyos Panji wonten ing mriki inggih menika cariyos Panji ingkang asalipun saking Jenggala ing abad 11. Wayang Beber mlebet jenisipun wayang ingkang sampun sepuh sejarah kawontenanipun. Saking wayang-wayang Beber ingkang wontening jaman samakaten, wayang Beber ingkang taksih [...]

Basa Jawa lan Perang Dunia

Posted on January 10th, 2010 by anny

Aksara Jawa mono, manut dongengane, mula bukane saka paraga kang asma Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ewa samono Dr. Purwadi, MHum ing buku Asal Mula Tanah Jawa, nulis yen ana dedongengan liya ngenani aksara Jawa iki, yaiku asale saka Dewa Panyarikan kang memba sawijining brahmana, aran Brahmana Srita. Tumurun saka kahyangan menyang tanah Hindustan [...]

Dadi tamu sing nyenengke

Posted on January 10th, 2010 by anny

Tumrape wong Jawa, kedhayohan kuwi padha karo nampa rejeki. Mula yen ana tamu ora tau nglirwakake gupuh, lungguh lan suguh. Sapa wae yen kedhayohan mesthi gupuh olehe mbagekake tamune, ngaturi lenggah, terus gawe wedang kanggo suguhan.
Merga anane pakurmatan mau mula wong sing maradhayoh kudu ngerti (tahu diri), dadiya tamu sing becik. Aja sakepenake dhewe, aja [...]

Crito Boso Jowo – Nyamping Kagungane Eyang

Posted on January 9th, 2010 by mezaluna

Langite katon mendhung angendhanu, ampak-ampakeĀ  kandel dadi pepalang tumrap wong kang arep ndeleng sesawangan ing sakiwa tengening Bandara Sepinggan, Balikpapan. Esuk kuwi kira-kira jam 08.00 WIT. Saka corong pengumuman keprungu wara-wara yen motor mabur Garuda kang tumuju Ngayogyakarta liwat surabaya diundur rong jam. Ya ora mokal, wong ampak-ampake kandel banget, gajege pilote rada ringa-ringa yen [...]

Obat Tradhisional

Posted on January 8th, 2010 by mezaluna

Nuwun, ingkang kinurmatan Bapak Supraba minangka kepala Dukuh dusun Karangwuni, ingkang kinurmatan para rawuh kakung miwah putri, lan kadang wiranem ingkang kula tresnani.
Assalamu’alaikum wr.wb.
Para lenggah, magga kula Panjennegan sedaya langkung rumiyin ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Mirah awit paringipun rahmat saenga ing titi wanci menika kula Panjenengan saged kempal [...]